Sabtu, 27 April 2013

Asu Ajag Lan Wedhus Berok

Ana wedhus lanang berok siji banget kasatan, nyemplung ing luwengan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji , iya kasatan arep ngombe, enggal nututi melu nyemplung. Sawuse padha arep ngombe, banget ing bungahe, ananging bareng arep metu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolot metu saka ing luwengan. Saking getere, wedhus lanang muni seru, sebute : “Dhuh, kapriye saiki mungguh ing pratingkah. Asu ajag ing sawatara meneng bae, wasana calathune : “ Aku wus nemu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku lan kowe. Dienggal ngadeg. Sikilmu ngarep pancadna iringing luweng an dikukuh. Kepriye ki sanak , apa kowe wis ngerti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang banjur mancolot metu. Sawuse mangkono , mung kari gaweyan sapele, sarana kuwating untuku aku bisa tetulung ngentas kowe. Wedhus lanang ngrujuki. Bareng wus ngadeg, asu ajag celathu : “ Wedhus, dikukuh”. Anuli munggah ing githok, banjur mancolot metu. Sawuse mentas, ora pisan nedya nulungi kancane. Malah angerang-erang , celathune : “ O, gemblung kang jenggot dawa, besuk maneh aja ngandel ujare sakehing asu ajag, saiki tampanana wewulangku, bok manawa ing tembe kanggo : “Sadurunge nyemplung ing luwengan , pikiren dhisik , kapriye olehmu bakal mentas.” Liding dongeng mangkene : Ewaa marang alane asu ajag, nanging wewulange eling-elingen. Samubarang pratingkah, sadurunge kolekasi, pikiren dhisik. Tegese tembung : kasatan = ngelak, ora oleh banyu, kentekan banyu luwengan = sumuran jero getere = kuwatir mungguh = patut, pantes sarat = sarana dienggal = supaya enggal pancadna = njejakna iring luweng = gampenge luweng dikukuh = sing kukuh, sing kuwat angerang-erang = nacad, maido gemblung = gendheng, edan ing tembe = ing sing arep teka ewa = ora seneng kolekasi = kowiwiti